Unggah Ungguh Basa
Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 4, yaiku:
1.
Basa Ngoko Lugu / Wantah
·
Bapak tuku kopi ing warung.
·
Pakdhe lagi bali saka Jakarta numpak sepur.
·
Simbah lagi deleng wayang kulit.
·
Bu Sartinah budhal menyang pasar gawe tuku beras.
·
Pak Karso mangan gorengan ing wayah sore.
2.
Basa Ngoko Alus / Andhap
·
Bapak mundhut kopi ing warung.
·
Pakdhe lagi kundur saka Jakarta nitih sepur.
·
Simbah lagi mriksani wayang kulit.
·
Bu Sartinah tindak menyang pasar gawe mundhut beras.
·
Pak Karso dhahar gorengan ing wayah sore.
3.
Basa Krama Lugu / Madya
·
Bapak tumbas kopi ing warung.
·
Pakdhe saweg mantuk saking Jakarta numpak sepur.
·
Simbah saweg ningali ringgit kulit.
·
Bu Sartinah bidhal dhateng peken damel tumbas uwos.
·
Pak Karso nedha gorengan ing wanci sonten.
4.
Basa Krama Alus
·
Bapak mundhut kopi ing warung.
·
Pakdhe nembe kundur saking Jakarta nitih sepur.
·
Simbah nembe mriksani ringgit kulit.
·
Bu Sartinah tindak dhateng peken damel mundhut uwos.
·
Pak Karso dhahar gorengan ing wanci sonten.
Semoga bermanfaat dan mohon maaf apabila ada kesalahan atau kekurangan^^
Komentar
Posting Komentar